Minggu, 23 Desember 2012

Bathara Brama



Putra saking pukulun Manikmaya ingkang patutan lawan bathari Uma.
Dewa ingkang nguwasani geni.
Gadah putra putri nami Bathari Dresanala ingkang ing tembene patutan lawan raden Janaka ingkang nurunaken Raden Wisanggeni.

Sabtu, 22 Desember 2012

Dandanggula

Ratunipun prabu nagasari
Prameswari dewi kolak pisang
Srabi gajah pepatihe
Pangeran harya gethuk,
Ampyang kacang duh senapati
Tumenggung rujak degan
Mas ngabehi thiwul,
Dudha kemul randha royal
Kuping lawa tapak belo prawan cincing
Bol jaran petruk wuda


Kamis, 06 Desember 2012

Jampi Sayah

mangga, ingkang dipun tengga MARS ABDI, sumangga.  sinambi menapa kemawon, sumangga dipun midangetaken

ABDI


Yen Ing Tawang Ana Lintang dening Ibu Rosyati

Sinom Cengkok Grandel dening Ibu Dewi Marhaeningsih

klik judul kagem download 
sumangga, wilujeng midangetaken

Kamis, 15 November 2012

Banjaran Wisanggeni Ki Cahyo Kuntadi

          Wonten ing kahyangan selakandawarubinangun, Bathara guru kaadep para dewa dorandarana. Beg hambeg hambelabar sowaning para jawata, katon pukulun bathara narada minangka kamituwaning para dewa, bathara brama dewaning geni, bathara indra jangkep sak pukulun bathara penyarikan minangka cariking para dewa. Para dewa sami ngrembag bab manahipun ingkang nembe bingah anggenipun raden janaka nembe nggarwa bathari dresanala. kadadak sowaning bathari premoni, hya dewaning panggodha pangrencana ingkang nedya nyuwun bathari dresnala kapegatan tresnane lan raden janaka, awit bakal jinodohake marang dewasrani ya putra pukulun bathara guru. Ulat manis risang bathari durga, gya kapilut rembugipun bathara guru, sigra ngutus bethara brama ngaturaken bathari dresanala wonten ngarsanipun bathara guru. Murina sang bathara naradha, mboten trimah yen ta raden janaka kapegatana tresnanipun lawan bathari dresanala. Duka bathara manikmaya, gya nglorot palenggahanipun bathara narada. Lajeng narada medal saking anggenipun nglenggahi kursi kadewatan.

Bebaya Tumrap Peprentahan

cuplikan adegan pasewakan, lampahan "Babad Wanamarta"

Bebayaning peprentahan kuwi ana limang perkara
1. Lamun ana punggawa kang ora ngerti marang pakaryane

2. Lamun ana punggawa kang adol gawe golek pengalembana
3. Lamun ana punggawa ingkeng dadi anak emas
4. Lamun ana punggawa kang dadi durjana utawa maling
5. Lamun ana punggawa kang ora adil lan seneng ngumbar angkara murka
Kuwi mbebayani tumrap negara mula di eling eling ya sengkuni, limang perkara mau aja nganti sumandang marang awakmu, heh su.. suman

Wewarah Begawan Amonggati marang Raden Parikesit

Wongkang jumeneng nalendra mono aja ninggal paugeran rolas bab, yaiku
- kang sepisan teguh marang agamane linambaran iman lan sarta ngugemi isining kitab suci, minangka dadi pituduh nggone ngasta dadi panguwasa

- ingkeng kaping pindho, tansah migatekno apa kang dadi kebutuhan kawulane, sarta mbudidaya ngentas penandange para kawula, kanthi srana ambrasta papa cintrakane para kawula
- kang kaping 
telu, demena nyaketi marang wong pinter lan aja pekewuh anggayuh wimbuhing kawruh angudi undaking ngelmi,
- kaping papat, gelema ngajeni marang panemune liyan kanthi linambaran sarasehan, ing pangajab murih enggal wujud tentreming bebrayan ingkeng tanpa ninggal ing kawicaksanan
- kang kaping lima ngayomana para kawula, utamane para wanita, kudu dingerteni yen wanita mono dudu barang dolanan
- kaping nenem, ngutamaake kebutuhaning bebrayan ingkeng kababare kanthi hambangun papapn pangibadah, hambangun papan pangibadah, hambangun papan pantiwiyata, hambangun pantihusada, hambangun pasar klawan hambangun marga utawa dalan.
- Ingkeng kaping pitu, ngedohana wicara lamis, ingkang bisa hanjalari thetheling kawibawan
- Kang kaping wolu, ora gampang nibaake pandakwa lamun durung ana bukti ingkeng nyata
- Kaping sanga ora gampang mercaya marang ujaring kandha ingkeng tanpa panaliten luwih disik, awit wongkang kulina golek pangalembana iku sok lirwa ya raden, karo kanca mentala mitenah kanthi lapor bab kang ora nyata
- Kang kaping sepuluh, ora nganak mas marang nara praja apadene kawula, sabab adakan anak mas mau keladuk sembarana, kepara wani nyatut asma kinarya gada
- Kang kaping sewelas, ora daksiya marang sepadha padha, kerepa lan senenga dedana ya raden, ukum klawan ganjar kudu tansah lumaku padha, lan tansah kaasta
- Wondene ingkeng kaping rolas ya kang wekasan kulinaa ngunjara hawa napsu ingkeng kurang prayoga, senenga tapa senenga prihatin lan ngedahana marang watak dursila ya raden.



Koor ABDI

wonten ing wekdal menika, kula badhe ngaturaken "beberapa" gending garapan Grup Karawitan ABDI (Amardi Budaya Dadi Indah). Cuplikan Pagelaran Ki Anom Suroto & Ki Bayu Aji. Wilujeng midangetaken (Klik judul kagem download).
Lagu Perjuangan - ABDI
Gembira Loka - ABDI

Kuthut Manggung feat Randha Nunut

Ibu waranggana ingkang setunggal menika, pancen mencutaken anggenipun ulah suwanten. Kawentar minangka ratu "Kuthut Manggung". Wonten ing audio menika, Kuthut manggung dipun bablasaken Randha Nunut Dening Ibu Muriah Budiarti, dosen ISI Surakarta. Mangga Wilujeng Midangetaken Klik disini.

Cuplikan Gara-gara

Yen Ing Tawang Ana Lintang (versi Mandarin ) - Pak Giyarto
Yen Ing Tawang Ana Lintang (versi Jawa) - Bu Rosyati
Petis Manis - ABDI Solo


Rabu, 14 November 2012

Kembang Wijaya Kusuma (Balungan Lakon)

1. jejer dwarawati, batahara kresna kaadep werkudara lan permadi, saha baladewa, ngrembag bab anggenipun kresna nembe kawisudha, kajumenengaken nata, lan anggenipun nembe palakrama antuk dewi rukmini saking lesanpura.

Lahire Wisanggeni (Balungan Lakon)



  1. prolog, bathara narada pinanggih bathara kamajaya, lajeng dipun suwuni katrangan kenging menapa wancine seba kok malah mboten seba, lajeng bethara narada nmgendika bilih sakmenika sampun medal saking rombongane dewa awit bethara Guru sampun ninggal ing reh tata kasusilan, katitik badhe megataken katresnaning raden njanaka kaliyan baathari dresanala. awit badhe kajodoaken kaliyan keng putra prabu dewasrani.lajeng bathara kamajaya matur badhe nderek keng paman narada, kesah mider2 jagad
  2. jejer negari dwarawati, prabu kresna kaadep raden setyaki, karawuhan prabu baladewa lan kyai ismaya. kyai ismaya ngendika badhe "protes" dateng raden janaka, awit pun supe dateng reh kewajibanipun dados satriya. bathara ismaya tindak kahyangan, pasewakan bibar

Lelagon Garapan ABDI

mangga sinambi leyeh-leyeh, mangga dipun midangetaken (Klik judul, kagem download)



Damailah Bangsaku - Muriah Budiarti, S.Sn.






Sinom Nyamat - Bu Setyowati ABDI saking Kediri