Rabu, 14 November 2012

Kembang Wijaya Kusuma (Balungan Lakon)

1. jejer dwarawati, batahara kresna kaadep werkudara lan permadi, saha baladewa, ngrembag bab anggenipun kresna nembe kawisudha, kajumenengaken nata, lan anggenipun nembe palakrama antuk dewi rukmini saking lesanpura.

kedadak sowanipun bathara narada. minta sraya marang baladewa permadi werkudara, kinene mangsulaken mungsuhe dewa, nami patih.... ingkang ngersaaken dewi bathari pertiwi minangka garwa ratu gustinipun, kamangka pertiwi sampun kagarwa bathara wisnu. pasewakan bibar... bidalan
2. repat kepanasan, srayaning dewa mungsuh para yaksa,, sami kapikut awit kalebetaken wonten jalasutra.
3. batahara wisnu, sinaosa sampun nggarwa batari pertiwi, nanging betari pertiwi taksihgadah panyuwunan sekar napa ngaten,, perang kembang
4. adegan pertapan (ngancik ramayana) resi subali, kaadep prabu dasamuka, ingkang nyuwun dipun paringi aji pancasona, sinaosa sampun dipun paringi meksa taksih dereng saged ngrapal aji. "ternyata" wonten talinganipun "bersaranglah" bayi sitija, putra dewi pertiwi. lajeng talingan dipun kileni resi subali, medal bayi, mesat wangsul dateng guwa garbanipun dewi pertiwi. prabu dasamuka winisik aji pancasona
5. bathari pertiwi lan bathari sri kabujung prabu yaksa, badhe kagarwwa mboten purun, lajeng lumajar, bathari sri sesinglon wonten taneman pari,, bathari pertiwi mlajeng pados srayan..
6. batahara wisnu mrepegi prabu kresna ingkang nembe mesu brata, lajeng pinaringan kembang wijaya mulya, lan batahara wisnu manjing sajiwa lan kresna.
7. sowan bathari pertiwi ngendika bilih dibujung mengsah, ditangleti prabu kresna, lajeng pinaringan sekar wijaya kusuma, batahari pertiwi pasrah jiwa raga dateng prabu kresna
8. kedatengan nata yaksa prabu kresna,,, bayi anjlog saking ngegana kenging mustakanipun nata yaksa, lajeng pejah,,
9. perang...tancep kayon





Tidak ada komentar:

Posting Komentar