Kamis, 15 November 2012

Banjaran Wisanggeni Ki Cahyo Kuntadi

          Wonten ing kahyangan selakandawarubinangun, Bathara guru kaadep para dewa dorandarana. Beg hambeg hambelabar sowaning para jawata, katon pukulun bathara narada minangka kamituwaning para dewa, bathara brama dewaning geni, bathara indra jangkep sak pukulun bathara penyarikan minangka cariking para dewa. Para dewa sami ngrembag bab manahipun ingkang nembe bingah anggenipun raden janaka nembe nggarwa bathari dresanala. kadadak sowaning bathari premoni, hya dewaning panggodha pangrencana ingkang nedya nyuwun bathari dresnala kapegatan tresnane lan raden janaka, awit bakal jinodohake marang dewasrani ya putra pukulun bathara guru. Ulat manis risang bathari durga, gya kapilut rembugipun bathara guru, sigra ngutus bethara brama ngaturaken bathari dresanala wonten ngarsanipun bathara guru. Murina sang bathara naradha, mboten trimah yen ta raden janaka kapegatana tresnanipun lawan bathari dresanala. Duka bathara manikmaya, gya nglorot palenggahanipun bathara narada. Lajeng narada medal saking anggenipun nglenggahi kursi kadewatan.


         Sareng nampi dawuhipun kengrama, gya Bathara Brama mrepeki patengganipun keng putramantu nenggih raden janaka dalasan bathari dresanala. Ing batos Bathara Brama mboten tega badhe nundhung wangsul raden janaka, nanging kasok bektinipun kaliyan kengrama, gya nundung wangsul raden dananjaya. Nangis anjelihBathari dresanala ngreripih keng rama Nanging bawane mboten purun kenging duka pukulun bathara guru, gya nglarak bathari dresanala kasowanaken bathari premoni. Jelih-jelih bathari dresanala ingkang arsa kadaupaken lawan Prabu Dewasrani, saking serunipun anggenipun njerit, brol lahir ponang bayi kang pekik warnane. Ponang jabang bayi kapondong bathara brama kapasrahaken pukulun manikmaya. Bathara guru dawuh kinen nyirnaaken ponang bayi sarana kacemplungaken kawah candradimuka. Tawan-tawan tangis bathara Brama sigra nyemplungaken ponang bayi mring gisiking kawah. 
            Ponang bayi kacemplungaken murih sirnanipun, nanging awit welasing gusti kang nyipta jagad, bayi mundak gedhe mundak gedhe, brol mijil jejaka medal saking kawah. Mulat sang Naradha, sigra mrepegi ponang jejaka. Sang jaka bingung, lajeng tanglet sinten ta sejatining dirinipun. Wisanggeni dening pukulun ismaya awit gedhenning saka dayaning wisa lan geni kawah candradimuka. Sang jaka tasih bingung, sinten sudarmanipun. Bathara Naradha lajeng ngaturi pamrayogi supados tanglet marang para dewa, menawi mboten saged paring wangsulan. Gya mrepegi patengganipun para dewa, tinakenan mboten saged mangsuli lajeng dipun ajar para dewa, salang tunjang para dewa. Lajeng Sang Kanekaputra asung pamrayogi supados sang Jejaka kinen madosi sinten naminipun lan sinten sejatosipun sudarmanipun mring ngarcapada. Pinnaggih raden janaka wonten madyaning wana, lajeng dipun larah-larahaken. Lajeng sami madosi Bathari dresanala, pinanggih lawan dewasrani, Lajeng raden Janaka Nyuwun wangsulipun  keng garwa mboten kaparingaken, lajeng sami bandayudha. Sang bathari saged karebat saking astanipun Prabu Dewasrani. Kadadak rawuhe dewi banowati ingkang arsa nyuwun sraya dateng raden janaka, supados saged madosaken jodho kagem keng putra nenggih raden Lesmana mandrakumara. Kasok tresnanipun sang parta mring kakakangipun, saguh ngaturaken jodho kagem keng pulunan. Sigeg 

               Pirang-pirang warsa saklajengipun, sang Wisanggeni sampun dewasa. Lajeng Keng raka raden Gatutkaca sigra madosaken jodho kagem keng rayi. Marak sowan wonten ing salah setunggiling pertapan. Badhe nyuwun sang endang pertapan kapundhut garwa kagem keng rayi. Dereng angsal wangsulan kadadak sowanipun narendra trajutresna ingkang gadah kersa sami, inggih badhe nggarwa sang endang pertapan. Bawanipun mengsah lami, lajeng sami bandayudha, kapisahaken. Lajeng paring karampungan, sinten kemawon saged nggarwa piyambakipun, nanging kedah saged maringaken wujudipun cupu manik astagina, kang ana gambaripun isen-isenaning ndonya. Girang gumuyu Prabu Boma, ngertos ingkang gadhah wonten ngarcapada tan kejaba sanes nennggih namung bathari pertiwi, inggih keng ibunipun.

                 Pepes kekarepanipun raden gatutkaca, kadadak kasusul Raden Wisanggeni, nyuwun pirsa kados pundi anggenipun nglamaraken piyambakipun. Raden gatutkaca matur supados ampun ngarepaken sang endang pertapan. Tanggap risang wisanggeni. sigra nggedrug bantala ngrawuhaken keng raka raden Antareja. Lajeng matur supados andingini lampah sowan ing kahyangan ekapretala, nyuwun cupumanik. Gya bidal risang Anantareja sowan keng bibi, nyuwun idi palilah nyuwun ngampil pusaka. Bawanipun dereng ngertos, lajeng maringaken ponang cupu mring keng pulunan. Mrantasi gawe sang Nagabaginda, sigra wangsul. Tunggal critanipun, sowane nata trajutrisna, sowan marak keng ibu, nyuwun cupumanik badhe kagem srana anggenipun badhe nggarwa endang pertapan. Kagyat bethari pertiwi, mboten ngertos bilih keng putra inggih badhe ngayunaken putri. Muntab sang Sitija nyusul tindakipun keng rayi antareja. Nyuwun wangsulipun cupumanik, mboten kapatingaken lajeng sami dwandayudha.
                   Lejeng bathari pertiwi arsa sabyantu keng putra, mulat sang Dewi Nagagini menggak kersanipun batahri pertiwi, lajeng inggih sami dwandayudha. Mboten kantun Keng eyang bathara antaboga inggih sami nderek sabyantu prang campuh lawan eyangipun Prabu Sitija. Mandap saking ngegana Bathara kanekaputra, misahaken ingkang nembe sami cengkrah. Tinutuhan, dipun ngendikani bilih sang endang menika pancen sampun jodhonipun Raden wisanggeni. Sigra wangsul raden antareja badhe ngaturaken cupumanik. 

                   Wonten ing saktengahing margi, raden Antareja pinnanggih lawan raden Janaka. Raden janaka atur pamrayogi, supados piyambakipun minangka sudarmanipun ingkang badhe masrahaken cupumanik. Nanging sejatosipun badhe kaparingaken maring dewi banowati. Sigra wangsul risang dananjaya. kacarita ingkang nembe wonten tengahing margi Raden Antareja kasowanan keng rayi Raden Wisanggeni, nangletaken anggenipun madosaken cupumanik. Kagyat risang antareja, matur bilih cupu sampun kaparingaken keng paman nenngih raden Janaka. Mulat sang Wisanggeni sigra nusul keng rama nyuwun wangsulipun cupu, mboten kaparingaken. Karawuhan Prabu sri bathara Kresna dalasan raden werkudara. Tinutuh sang dananjya sigra purun mangsulaken  cupu. Lajeng cupu kaparingaken sang Begawan kagem minangka srana daupipun Raden Wisanggeni. Tancep Kayon. 

6 komentar: