Rabu, 14 November 2012

Lahire Wisanggeni (Balungan Lakon)



  1. prolog, bathara narada pinanggih bathara kamajaya, lajeng dipun suwuni katrangan kenging menapa wancine seba kok malah mboten seba, lajeng bethara narada nmgendika bilih sakmenika sampun medal saking rombongane dewa awit bethara Guru sampun ninggal ing reh tata kasusilan, katitik badhe megataken katresnaning raden njanaka kaliyan baathari dresanala. awit badhe kajodoaken kaliyan keng putra prabu dewasrani.lajeng bathara kamajaya matur badhe nderek keng paman narada, kesah mider2 jagad
  2. jejer negari dwarawati, prabu kresna kaadep raden setyaki, karawuhan prabu baladewa lan kyai ismaya. kyai ismaya ngendika badhe "protes" dateng raden janaka, awit pun supe dateng reh kewajibanipun dados satriya. bathara ismaya tindak kahyangan, pasewakan bibar
  3. limbukan
  4. bodholan, prabu baladewa tindak ngamarta nderekaken prabu kresna, wonten margi pinanggih bala saking negarinopun prabu dewasrani ingkang nyuwun pejahipun raden janaka, perang gagal, P dewasrani mundur
  5. gara-gara
  6. kahyangan swarga dahana, bathara brama kaadep raden janaka lan bathari dresanala. bathara brama ngendika raden arjuna kinen wangsul dateng ngarcapada, tanggap sasmita bilih dipun tundung sarana alus raden janaka gya wangsul ngarcapada. bathara brama marak sowan bathara guru.
  7. bathara guru ngendika maring B Endra, bilih mboten wonten titah ngarcapada ingkang pareng mlebet kahyangan,. kedah dipun sirnaaken.
  8. bathari dresanala kaautarken bathara guru, B Brama kundur. lajeng batari dresanala kaaturaken malih dateng batahari premoni. gya linarak njawi
  9. bathari premoni ngendika bilih B dresanala badhe kadaupaken kaliyan keng putra P Dewasrani. bathari dresanala mboten purun. lajeng B Durga ngunus sanjata, bathari dresanala dipun ajar, lajeng mbengok sora, ngantos dawah kantaka, sang wiji sejati gya brol medal saking guwa garba.
  10. B Indra pirsa enten bayi, lajeng kajempala, bayi mboten pejah malah saged mbrangkang, gumujeng lajeng saya ageng2 saged mlampah.
  11. kamigilan B endra nyuwun pamanggih bathara temboro lan bathara yamadipati. B temboro atur pamrayogi supados bayi dipun cemplungaken kawah candradimuka supados sirna. B yama menggak, nanging mboten dipun paelu B endra lan Temboro, kepara malah dipun uman2 kaliyan B Temboro
  12. bayi kacemplungaken kawah, malah dados jaka. kepanggih kyai semar. takon naminipun, lajeng dipun paringi asma WIsanggeni. (wisa lan Geni). lajeng tanglet bapa, kaliyan semar dipun aturi tanglet dateng endra lan dewa, yen mboten saged dipun taboki mawon. lajeng Wisanggeni "perang" kaliyan dewa, kalebet baathara guru. mboten saged nadahi., mandhap ngarcapada nyuwun sraya dateng ngamarta. gya ditutui semar lan wisanggeni
  13. bathara guru minta sraya pandawa lan p kresna. lajeng raden werkudara aben ajeng kaliyan wisanggeni, kajotos pupunipun ingkang kiwa, mundur. lajeng sami pados sraya.
  14. dewa resi, dewa bagus nampi sowanira radenn janaka. matur bilih nembe kapegatan tresnanipun kaliyan dewa. lajeng nderek nyantrik kaliyan resi kekalih. sowanipun P kresna B Guru R werkudara minta sraya. lajeng sang resi ngutus raden janaka ngadepi wisanggeni.
  15. wisanggeni kawon, lajeng kapernahaken kaliyan semar bilih niku keng putra. lajeng semar ngrawuhaken B Dtresanala.
  16. tayungan. tancep kayon




Tidak ada komentar:

Posting Komentar