Wonten ing kahyangan selakandawarubinangun, Bathara guru kaadep para dewa dorandarana. Beg hambeg hambelabar sowaning para jawata, katon pukulun bathara narada minangka kamituwaning para dewa, bathara brama dewaning geni, bathara indra jangkep sak pukulun bathara penyarikan minangka cariking para dewa. Para dewa sami ngrembag bab manahipun ingkang nembe bingah anggenipun raden janaka nembe nggarwa bathari dresanala. kadadak sowaning bathari premoni, hya dewaning panggodha pangrencana ingkang nedya nyuwun bathari dresnala kapegatan tresnane lan raden janaka, awit bakal jinodohake marang dewasrani ya putra pukulun bathara guru. Ulat manis risang bathari durga, gya kapilut rembugipun bathara guru, sigra ngutus bethara brama ngaturaken bathari dresanala wonten ngarsanipun bathara guru. Murina sang bathara naradha, mboten trimah yen ta raden janaka kapegatana tresnanipun lawan bathari dresanala. Duka bathara manikmaya, gya nglorot palenggahanipun bathara narada. Lajeng narada medal saking anggenipun nglenggahi kursi kadewatan.
Kamis, 15 November 2012
Bebaya Tumrap Peprentahan
cuplikan adegan pasewakan, lampahan "Babad Wanamarta"
Bebayaning peprentahan kuwi ana limang perkara
1. Lamun ana punggawa kang ora ngerti marang pakaryane
4. Lamun ana punggawa kang dadi durjana utawa maling
5. Lamun ana punggawa kang ora adil lan seneng ngumbar angkara murka
Kuwi mbebayani tumrap negara mula di eling eling ya sengkuni, limang perkara mau aja nganti sumandang marang awakmu, heh su.. suman
Bebayaning peprentahan kuwi ana limang perkara
1. Lamun ana punggawa kang ora ngerti marang pakaryane
2. Lamun ana punggawa kang adol gawe golek pengalembana
3. Lamun ana punggawa ingkeng dadi anak emas4. Lamun ana punggawa kang dadi durjana utawa maling
5. Lamun ana punggawa kang ora adil lan seneng ngumbar angkara murka
Kuwi mbebayani tumrap negara mula di eling eling ya sengkuni, limang perkara mau aja nganti sumandang marang awakmu, heh su.. suman
Wewarah Begawan Amonggati marang Raden Parikesit
Wongkang jumeneng nalendra mono aja ninggal paugeran rolas bab, yaiku
- kang sepisan teguh marang agamane linambaran iman lan sarta ngugemi isining kitab suci, minangka dadi pituduh nggone ngasta dadi panguwasa
- ingkeng kaping pindho, tansah migatekno apa kang dadi kebutuhan kawulane, sarta mbudidaya ngentas penandange para kawula, kanthi srana ambrasta papa cintrakane para kawula
- kang kaping

telu, demena nyaketi marang wong pinter lan aja pekewuh anggayuh wimbuhing kawruh angudi undaking ngelmi,
- kaping papat, gelema ngajeni marang panemune liyan kanthi linambaran sarasehan, ing pangajab murih enggal wujud tentreming bebrayan ingkeng tanpa ninggal ing kawicaksanan
- kang kaping lima ngayomana para kawula, utamane para wanita, kudu dingerteni yen wanita mono dudu barang dolanan
- kaping nenem, ngutamaake kebutuhaning bebrayan ingkeng kababare kanthi hambangun papapn pangibadah, hambangun papan pangibadah, hambangun papan pantiwiyata, hambangun pantihusada, hambangun pasar klawan hambangun marga utawa dalan.
- Ingkeng kaping pitu, ngedohana wicara lamis, ingkang bisa hanjalari thetheling kawibawan
- Kang kaping wolu, ora gampang nibaake pandakwa lamun durung ana bukti ingkeng nyata
- Kaping sanga ora gampang mercaya marang ujaring kandha ingkeng tanpa panaliten luwih disik, awit wongkang kulina golek pangalembana iku sok lirwa ya raden, karo kanca mentala mitenah kanthi lapor bab kang ora nyata
- Kang kaping sepuluh, ora nganak mas marang nara praja apadene kawula, sabab adakan anak mas mau keladuk sembarana, kepara wani nyatut asma kinarya gada
- Kang kaping sewelas, ora daksiya marang sepadha padha, kerepa lan senenga dedana ya raden, ukum klawan ganjar kudu tansah lumaku padha, lan tansah kaasta
- Wondene ingkeng kaping rolas ya kang wekasan kulinaa ngunjara hawa napsu ingkeng kurang prayoga, senenga tapa senenga prihatin lan ngedahana marang watak dursila ya raden.

Koor ABDI
wonten ing wekdal menika, kula badhe ngaturaken "beberapa" gending garapan Grup Karawitan ABDI (Amardi Budaya Dadi Indah). Cuplikan Pagelaran Ki Anom Suroto & Ki Bayu Aji. Wilujeng midangetaken (Klik judul kagem download).
Lagu Perjuangan - ABDI
Gembira Loka - ABDI
Lagu Perjuangan - ABDI
Gembira Loka - ABDI
Kuthut Manggung feat Randha Nunut
Ibu waranggana ingkang setunggal menika, pancen mencutaken anggenipun ulah suwanten. Kawentar minangka ratu "Kuthut Manggung". Wonten ing audio menika, Kuthut manggung dipun bablasaken Randha Nunut Dening Ibu Muriah Budiarti, dosen ISI Surakarta. Mangga Wilujeng Midangetaken Klik disini.
Cuplikan Gara-gara
Yen Ing Tawang Ana Lintang (versi Mandarin ) - Pak Giyarto
Yen Ing Tawang Ana Lintang (versi Jawa) - Bu Rosyati
Petis Manis - ABDI Solo
Yen Ing Tawang Ana Lintang (versi Jawa) - Bu Rosyati
Petis Manis - ABDI Solo
Rabu, 14 November 2012
Kembang Wijaya Kusuma (Balungan Lakon)
1. jejer dwarawati, batahara kresna kaadep werkudara lan permadi, saha baladewa, ngrembag bab anggenipun kresna nembe kawisudha, kajumenengaken nata, lan anggenipun nembe palakrama antuk dewi rukmini saking lesanpura.
Lahire Wisanggeni (Balungan Lakon)
- prolog, bathara narada pinanggih bathara kamajaya, lajeng dipun suwuni katrangan kenging menapa wancine seba kok malah mboten seba, lajeng bethara narada nmgendika bilih sakmenika sampun medal saking rombongane dewa awit bethara Guru sampun ninggal ing reh tata kasusilan, katitik badhe megataken katresnaning raden njanaka kaliyan baathari dresanala. awit badhe kajodoaken kaliyan keng putra prabu dewasrani.lajeng bathara kamajaya matur badhe nderek keng paman narada, kesah mider2 jagad
- jejer negari dwarawati, prabu kresna kaadep raden setyaki, karawuhan prabu baladewa lan kyai ismaya. kyai ismaya ngendika badhe "protes" dateng raden janaka, awit pun supe dateng reh kewajibanipun dados satriya. bathara ismaya tindak kahyangan, pasewakan bibar
Lelagon Garapan ABDI
mangga sinambi leyeh-leyeh, mangga dipun midangetaken (Klik judul, kagem download)
Damailah Bangsaku - Muriah Budiarti, S.Sn.
Damailah Bangsaku - Muriah Budiarti, S.Sn.
Sinom Nyamat - Bu Setyowati ABDI saking Kediri
Langganan:
Komentar (Atom)